22 Oktober 2011

Selawat bacaan Gus Dur yang menyentuh hati



Astaghfirullah robbal baroya
Astaghfirullah minal khotoya
Robbi zidni ilman nafi'a
Wawa fiqni 'amalan sholiha

Ya rosulalloh salamun 'alaik
Ya rofi 'asya niwadaroji
Atfata yaji roal 'alamin
Ya uhailalju diwal karomi

Ngawiti ingsun, nglaras syi'iran
Kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine, tanpo pitungan

Duh bolo konco, priyo wanito
Ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine, Bakal sangsoro

Akeh kang apal, Qur'an haditse
Seneng ngafirake marang liyane
Kafire dewe dak di gatek ke
Yen esih kotor, ati akale

Gampang kabujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine, peteng lan nisto

Ayo sedulur, jo nglale ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu, mulyo matine

Kang aran sholeh, bagus atine
Kerono mapan sari ilmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakekot, manjing rasane

Al Qur'an qodim, wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancep ake ing njero dodo

Kumantil ati, lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mugi njeng rosul dadi pedoman
Minongko dalan, manjinge iman

Kelawan Alloh, kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riyadloi
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir, saking Pangeran

Kelawan konco, dulur lan tonggo
Kang podo rukun podo ngasih-o
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito

Ayo nglakoni, sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo, makom drajate

Amung palastro, ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese

Ya rosulalloh salamun 'alaik
Yarofi'asya niwdaroji
Atfata yaji rotal 'alamin
Ya uhailaljudi wal karomi......a